Jawara, Jawa Sing Ora2
Bèn mesisan bingunge, ing kalodhangan iki aku kepéngin nulis nganggo Basa Jawa. Sing ora kulina mesti waé rada gragapan, celilang celileng bingung karepé déwé, opo manèh anggonku nulis pating pecothot ora mbejaji blas. Sliramu kan bisa migunakaake Google Tarjamah kanggo ambiyantu ngudhari benang ruwet iki.
Basa Jawa ngono luwih gampang pangucapé tinimbang nulisé. Yèn ora nastiti lan ngati-ati, bisa nerjang paugeran utawa grammar. Jaré guruku mbiyèn, nulis ukara ing Basa Jawa kudu dibédakké antarané endi sing kudu ditulis nganggo a, endi sing o. Carané nitèni, dicoba nganggo akhiran. Yèn uniné a, nulisé nganggo a, ananging yèn ditambah akhiran kok suarané o, nulisé ya nganggo o.
Babagan iki akèh sing ora nggatèkaké. Bojo loro béda tegesé karo bojo lara. Bojo loro tegesé bojoné 2, ananging yèn bojo lara tegesé bojoné mriyang utawa sumeng. Mangan soto tegesé mangan sejenis bakso, ananging yèn mangan sata tegese mangan mbako.
Kuwi mau lagi babagan o karo a. Sing luwih njlimet manèh yèn ketemu aksara d lan dh, t lan th , isih katambah manèh antarané e, è lan é.
Ana manèh sing aksarané beda cara macané padha. Sing siji nganggo a, sijiné nganggo o. Lha sing iki sijiné nganggo o, sijiné manèh nganggo u, tapi yèn diwaca uniné padha. Carané maca kaya jeneng Polo. Contoné : pacul (cangkul), wadul (mengadu), kemul (selimut), ajur (hancur), kebo, mengko (nanti), coro (kecoak)
Sing mbingungké manèh yèn tekan e, è lan é. Ananging amarga wis rumangsa kesel ngetik, aku ora njelasaké babagan iki. Driji rasané pegel kabèh. Ngapurané waé ya… Sak ukara Bahasa Indonesia, yèn ketemu Wong Jawa bisa dadi pirang2 istilah. Kata “membawa” wae ana maneka warna, kayata nyangking, ngindhit, nyunggi, ngempit, nggendhong, mikul. Semono uga istilah “bau tak sedap” bisa dadi pirang2 ukara, kayata apeg, sengak, langu, badheg, sengur lan sak pituruté. Wong Jawa uga sugih cangkriman. Cangkrimané lucu2, ana sing wujud lelagon, parikan, sanepa lan singkatan. Sega sakepel dirubung tinggi, Bapak Pucung, Burnas Kopen kuwi sapérangan tuladhané.
Aku njur kelingan bakul arit ning pasar. Cerdasé ora kalah karo pawongan saiki. Bakul arit mau promosi mangkéné : “Para sedulur, aritku iki bergaransi. Yèn gowang mesti landhepé, yèn mléthot balèkké“. Yèn di Indonesiakna kira2 “Kalau retak pasti tajamnya, kalau bengkok kembalikan !”. Iya waé, yèn gowang kan mesti panggonan landhepé, ora mungkin bagian mburiné sing kethul bisa gowang. Lha nèk mléthot kon mbalèkké kuwi ora mbalèkké ning nggone bakulé tapi kon mbalèkké déwé kaya asalé. Namung semanten ingkang saged kawula aturaken, awit saking punika kula minangka jejering manungsa limrah tartamtu kathah kekiranganipun saha kekilapan labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen kawula matur. Mawantu – wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kawula.
Mugi tansah pinanggih karaharjan, rahayu tebih saking rubéda nir ing sambékala. Nuwun…
Uniné persis kaya jeneng Doyok. Contoné : sanga (sembilan), kiwa (kiri), lara (sakit), maca (membaca), kutha (kota), tombok, lombok, katon (kelihatan), angon (menggembala), guyon (bercanda)













Sugeng bingung sak bingung2ipun…
[Reply]
apa nakana anne tena kuissengi mister. edd, kodonge tojenga anne apa kitulisi antu…
Postingan Panca : Kenali dan Kunjungi Objek Wisata di Pandeglang Dengan Jurus Termehek-Mehek
[Reply]
niki sing mbebayani nek ten pasar:
“tumbas uyah kaleh kenthu”
Postingan suryaden : udara udara
[Reply]
Jujur, saya ndak bisa baca dan tidak mengerti maknanya.
Mungkinkah ada terjemahannya…
Postingan Deni : Ucapan Selamat Idul Fitri Via SMS
[Reply]
Pawartos dalu puniko dipun giaraken dening Marsudiyanto. Pawartos ingkang wigati… Jago tabok krisjhon kasil hanyungsepaken….
Postingan BudiTyas : Perahu Kertas
[Reply]
lhadalah, bosone dhalang metu kabeh, nopo pak Mar nyambi mucal boso jawi nggih
[Reply]
Pawartos dalu puniko dipun giaraken dening Marsudiyanto. Pawartos ingkang wigati… Jago tabok krisjhon kasil hanyungsepaken….
Postingan BudiTyas : Pemasaran Primitif Modern
[Reply]
@suryaden
kenthu ki nek neng nggonku artine saru je mas
Postingan achmad sholeh : Demam Bugil Dan Kiamat 2012
[Reply]
@suryaden
Tuku kethu malah bakule lagi kenthu akhire ketutuk watu nganti benjol telu
Postingan achmad sholeh : Demam Bugil Dan Kiamat 2012
[Reply]
@suryaden nggeledis mas mas
ha ha ha
Postingan riFFrizz : Halal Bihalal, bukan Haram Biharam
[Reply]
minal aidin wal faizin ya pakdee… maafkan aku kalo sering ngecee dirimuu.. hihihihih
Postingan brencia : Udah nyampe semarang
[Reply]
senajan nyong wong Jawa Tengah bagian kuLon sing jere angger ngomong ngapak2, tapi nyong mudeng sing dituLis Pak Mar,, terus angger ora saLah bekgrone kuwe wacane ‘Wong Top’.. leres mboten Pak?
[Reply]
La pripun Pakdhe, punopo ajeng ndamel blog boso jawi ? Sakmangkih kulo ajeng mbiyantu ngirim artikel.
Mugi2 ingkang maos koment kulo mboten sami bingung…
[Reply]
yang posting yang komen
smua saia ga ngerti
wuaha..ha..
Postingan kisaran : Google Tak Memakai Meta Keyword
[Reply]
haha.. kenthu…. ^^
Postingan Anang : Yang Tersisa dari Lebaran
[Reply]
Gak papa gak dapat KELIMAAAXZ gak patek’en.
Nganti sakiki aku isih ora isa nulis nganggo aksara jawa. Bingung padahal whiwhit sd ya wis diwulang nanging tetep wae ora mudheng. Ngomong wae yen ngganggo basa jawa luwih akih meneng lan mikire (ora patio lancar) tinimbang yen ngomong nganggo basa indonesia. Opo maneh yen nggunakaken basa krama inggil. Menawa wae iki iku buktekaken keberhasilane penataran P4 seng kerep tak lakoni mbiyen. (he.. he.., malah nggolek kambing hitam)
Menawa wae aku iki wong jawa sing ora jawa. (he.. he..)
[Reply]
wah repot nek kon mbalekke sing bengkong…
sing penting ki ojo nggodog wedhang, mikul dawet, ngliwet sego mangan karo iwak pitik *)
*) lha iwak opo pitik?
wakakakaka..
[Reply]
wah, lumayan nih pak, nambah pengetahuan bah. jawa….

Postingan sibaho way : Improvement apa sih ?
[Reply]
JAJAH INDONESIA! HIDUP WONG JOWO! MERDEKA!
Waiki pak, awit biyen aku nggolek wong jowo nggo njajah indonesia
[Reply]
Sendika dhawuh kakang..whee….Langit kelap2 bumi gonjang-ganjing..truk thuk thuk thuk….(arjunane mudhun saka kayangan..)
Postingan vb6mania : Retrieving Data From an Excel Table
[Reply]
@Paduka Hari Mulya

Angger neng jawa kulon wonge ora pada mangan sego tapi sega..
Postingan vb6mania : Retrieving Data From an Excel Table
[Reply]
Manawi kulo nggih mangertos mas, najan boso Jawi kulo gaya Jombangan, pokoke ngertos ngoten mawon.
Nyai Barinten ketiban jendelo
Cekap semanten komentar kulo
Salam saking Suroboyo
[Reply]
waduh ampun deh basa ini ngerti cuma dikit2
Postingan mbah gendeng : Ciuman Maut
[Reply]
O Allah mas, kulo mboten ngertos….
[Reply]
Ampun Mas, awak e’ ngerti ne yo surabayaan thok, arep moco ne piye toh ?
Postingan Indo Hijau : Kepmenhut No. P.54 dan P.55/Mehut-II/2009.
[Reply]
niki postingan blog punopo pelajaran pepak basa jawa nggeh?
kulo kok mboten mudeng..
[Reply]
Tetap ngerti. Nek boso sing kalusen ngerti ra patiyo mudheng.
Postingan tutor blogspot : CARA MENGATUR HURUF DAN WARNA
[Reply]
Menawi pripun mboten nopo2 to Pak?
[Reply]
Ngenjing ngaggem tulisan Jowo honocoroko Pak sekalian. Ben muyer google sisan.
[Reply]
Uh..fontnya kerennn….
PertamaX gan
Postingan luthfie fadhillah : Surat Untuk Malaysia
[Reply]
Dalem nyuwun agunging pangaksami, bilih nembe sepidah pinarak wonten pasenggrahan panjenengan. Katur salam taklim saking kawula sakeluargo, mugi pinangkaring kawruh meniko saged ngrungkepi silaturahmi sesarengan.
Postingan pututik : Aku Lelah Capek Kesel Tired
[Reply]
wah jan dadi kelingan sing rikala jaman semana, aku biyen nulis aksara jawa oleh sanga nanging saiki kok wis lali… mungkin merga ra kelingan ya pak ya
Postingan budies : Laptop raib di Kediri
[Reply]
wah kulonuwun romo, komentaripun kok dados wonten kenthune
Postingan arifudin : Wisata Girimanik Tejomoyo Manikmoyo Condromoyo
[Reply]
Wealah,jan tenan.Sampek lali aku arep komentar opo
[Reply]
walah nganggo boso jowo
jan manteb tenan ono honorocoko e kang
Postingan hadi : Bisnis Pulsa GSP
[Reply]
Walah kang kok telaten tenan nulis koyok ngono..mbok aku iki di ajari ….njand apiik tenan..aq iki mau mesti kalem mocone..:D
ckckckkc..tulisan honocoroko kuwie aq ora ngerti kang..
[Reply]
@Mars
pertamaaaaaaaaaaaaaaxxxxxxxxxzzzzzzzz
Postingan KangBoed : Sisa Kedirianku
[Reply]
HADIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIRRRRRRRRRRRR
Postingan KangBoed : Sisa Kedirianku
[Reply]
Menyapa sahabatku chayaaaaaaaaaaaaaaaaank
Postingan KangBoed : Ramadhan telah berlalu
[Reply]
hehehehehe ak enda mudeng ngarti hehehe
Postingan KangBoed : Ramadhan telah berlalu
[Reply]
wah, pancen wong top tenan pak mar iki, hehe … postingane beda karo padatan. aku dadi ora percaya yen ana unen2: yen wong jawa wis ilang jawane. nyatane ning internet, kelebu bloge pak mar sih nguri2 basa jawa. manteb tenan!
Postingan sawali tuhusetya : Membumikan Software Open Source: Mimpi Indonesia Masa Depan
[Reply]
minal aidin paK Mar….
Postingan ikhsan : Selamat Idul Fitri
[Reply]
Dalem bingung ingkang Bait terakhir pak.
Kadhos MC-ipun kemanten.
Postingan HumorBendol : Peralatan
[Reply]
Dalem nyuwun pangapunten mbok menawi wonten lepat-lepat ing ukara lan basa kula, amargi kula asli Priyangan.
Menawi kepareng kulo bade tanglet dumateng Pak Mars, “Betah wedal pinten jam nulis tulisan punika?”
Matur nuwun.
Postingan arkasala : Kerja dan Bisnis Sampingan
[Reply]
panjenengan meniko tiyang jawi to *halah*
Nyuwun agunging pangaksami lan lumere pambagyo dumateng kulo
Postingan ajengkol : Cintamu Membakar Jiwaku
[Reply]
kalo gutonan anak kos kuliah yang datang dari pulau jawa, digarai sama anak jawa “kalo beli makanan di warung bilang : tumbas sekul ulam empal brewok”
[Reply]
Nice post.thanks
Postingan Mengembalikan jati diri bangsa : Avril Lavigne Blog Dofollow
[Reply]
aku kemaren komen disini to…. hoooooooooooo
sapa yg ngangeni?
Postingan Brencia KerenS : Selamat Lebaran
[Reply]
blogwalking dan salam kenal mas…

wah ngak ngerti apa isi postingan di atas, jadi ya berkunjung sebagai perkenalan saja
Postingan thedollarcorner : Grand Launching
[Reply]
blog walking…
[Reply]
Walah, ora mudeng
[Reply]
tolooong………… aku gak ngerti Pak Guru……….


mana translater nya ya…………….. (* celingak celinguk nyari*)
salam
Postingan bundadontworry : Ada Surga Dibalik Amarah
[Reply]